Jumat, 28 September 2012


SATPOL PP SEGEL LOCUS KARAOKE

SEMARANG, -Satpol PP nindaki kanti teges amergo anane laporan dugaan pelanggaran perizinan pembangunan sawijining panggonan karaoke neng Kuta Semarang. Welasan anggota Satpol PP, Kamis (27/9) nglakoni penyegelan karo bangunan neng dalan Pamularsih sing rencanane arep digunake kanggo panggonan karaoke Locus.
Sakliyone kui ora sesuai karo izin ngadeke bangunan (INB) sing didweni, panggonan karaoke kui podo dianggep rak etis amergo sampinge kui SMP Ksatrian 2 Semarang.
Aniceto Kepala Bidang Operasi Satpol PP Kuta Semarang negaske kyo ngene, penyegelan dilakoni amergo bangunan sing arep digunake kanggo panggonan karaoke kui dinyatake ngelanggar Perda no 5 tahun 2009.
"Selama isih ning penyegelan, panggon kui arep ditutup lan pengerjaan bangunan dimandeke. Penyegelan arep berlangsung sampe ono rekomendasi soko instansi sng berhubungan, ning hal kui Bagian Hukum Setda Kuta Semarang, DPKAD, Dinas Pertamanan, pihak kecamatan lan kelurahan," omonge.
Ditambahke, uwis kesel pihak satpol pp ngelengke, terkait informasi bahwa bangunan kui arep digunake kanggo panggonan karaoke. Opomaneh ning sebelah lor bangunan kui sekolahan. "Sakdurunge kito entuk akeh laporan soko warga sekitar. Yen hasil rekomendasi mutuske kanggo dibongkar, maka kito siap ngamanke proses pembongkaran," tegas wonge.
Sakdurunge, eneng anggota DPRD sing nyoroti rencana pembangunan panggonan karaoke sing cedak karo lingkungan sekolah. Khususe pembangunan sawijining panggon karaoke Locus neng Dalan Pamularsih sing ngadek pas ning samping SMP Ksatrian 2.
Yanuar Muncar, anggota DPRD soko Fraksi PAN ngakoni prihatin karo anane rencana pembangunan panggon hiburan sing tak mengindahkan etika bisnis. "Mosok panggon karaoke dibangun pas ning sebelah  SMP. Secara etika, mesti kurang pas," jarene.
( Lanang Wibisono / CN31 / JBSM )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar