BANYUMAS, - rak gelem kecolongan bab beredare buku referensi siswa sing mambu porno koyo ning
kabupaten liyo, Dinas Pendidikan Banyumas jaluk kabeh sekolah penerima
bantuan buku soko Dana Alokasi Khusus (DAK) kanggo nglakoke pengecekan kanti teliti.
"Kito wis merintah supoyo sekolah nglakoni
pengecekan buku bantuan kui kanti tliti. Ojo sampek kejadian neng kabupaten liyo, ditemuke neng Banyumas," jare Kabid Dikdas Dinas
Pendidikan Banyumas, Edy Rahardjo, Kamis (27/9).
Kanggo ngantisipasi kejadian kasus sing podo, dinas juga wis negaske marang pihak rekanan ben ora ngleboke buku sing mambu
porno, koyo ning kabupaten liyo. Saiki buku bantuan kui lagi
didistribusike neng sekolah.
"Buku-buku wacanan siswa kanti judul koyo Tidak Hilang Sebuah Nama, Ada Duka di Wibeng dan Tambelo, uwis
kito garisngisori kangge rekanan ben ora ono sakjroning penawaran," jarene dekne.
Buku-buku sing sempet beredar ning beberapa sekolah ning
Kabupaten Kebumen lan Purworejo kui dinilai mambu porno lan akhire
ditarik peredarane karo Dinas Pendidikane.
Menurut dekne,
sebenere masing-masing sekolah penerimo bantuan DAK buku 2010
pengadaan tahun 2012 uwis mbentuk tim sing terdiri atas limang uwong. Nha tim kui meh nglakoni pemeriksaan siji per siji buku-buku sing diterimo
sekolah kanti cermat, termasuk speke.
Nha menyangkut
pengiriman buku bantuan sampek ning sekolah, lanjut wonge, uwis nyerahke marang pihak rekanan. "Yen ono sing salah utowo orak sesuai karo
spek, sekolah dijaluki kudu wani nolak. Yen ditemuke ono
kekurangan, ojo dibayar disik," tandase.
Wonge nambahke,
total anggaran bantuan DAK buku sing disalurke tahun iki sekitar Rp
14,5 miliar. Bantuan kui diwenehke kanggo 161 sekolah penerimo, sing sak kabehe neng jenjang SD.
(
Budi Setyawan / CN26 / JBSM )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar